Saben wong mesthi darbe pandjangka. Sok ngono-a, ora ana djangka kang kelakone tanpa djinangkah. Nglirwakake prekara ikoe ateges padha karo pikiran moeng di-oembar mati. Malah, bisa sineboet dosa, dene ora bisa nandjakake oeripe, oetawa ora meroehi marang kang bisa Peparing...oerip iki. Moeng kang perloe digatekake, adja kebat kliwat, ning ija adja ngoeler kambang, alon-alon angger kelakon, amrih ora nganti ketoendjang djaman. Adja kaselak kegoebel kasengsem angen-angen andjala angin, nanging ija adja gampang kapiandelan barang doeroeng karoewan, kang esthine mateni “grengseng”. Ikoe kabeh moela dadi sanduoengan, ing kalane tjabar ing gawe, bisa njoeda kapitajaning diri pribadi. Sjarat bakoe toemraping sapa bae kang kepengin oerip mandhiri...