Sabarang reh, sabarang gawe, lan kanijatan jen dipikir klawan mateng wis tjetha bakal betjik dadine, lakonana kanthi ati manteb madhep, adja nganti diganggoe tjara was soemelang, moela ampoeh prabawane. Ndjalari wong jen toemandange sarwa minggrang-minggring, jen ngranggeha sarwa gajoek-gajoek toena, jen loemakoe, djoemangkaha tansah mandheg toemoleh. Apamaneh, jen olehe tolah-toleh ngadhang-adhang pitoeloengan lijan, ikoe mratandhani koeranging kapertjajan marang awake dhewe. Rasa was soemelang ikoe padha bae karo ngapesake awake dhewe. Lan, sapa kang tansah digegirisi rasa was soemelang, ija bakal gampang kenaning apes, tangeh tansah toemibaning slamet. Moela, prajoga disingkiri.